Umum
luxboy, 19.08.2010 - 4:02 pm

Mbah jo dirawat ndhik Rumah Sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irung sampek dipasangi selang.

Wis pirang2 dino iki mbah jo meneeeng ae koyok wong koma. Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno Mudhin ben didungakno.

Pas Mudhin enak2 ndungo, moro2 mbah Jo megap2 gak iso ambekan, raine pucet. Nganggo boso isyarat mbah Jo nirokno wong nulis. Anake ngerti maksute, lsg njupukno kertas mbek pena.

Ambek megap2, mbah Jo nulis surat. Mari iku mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhin. Ambek de’e surate iku mau lsg disaki, rasane koq gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire Mudhin.

Mari ngesaki surat, pak Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Uakeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.

Pas acara pitung dinane mbah Jo, pak Mudhin diundang maneh. Mari mimpin dungo, Mudhin lagek iling lek surate mbah Jo iku mau. Waduh slamet aku sik iling onok titipan surate mbah Jo, pikire pak Mudhin

Derek-derek sedoyo, iki onok surat seko alm mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh.

Lek ndelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune. Ayo diwoco bareng2 jare pak Mudhin. Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine:

“HEH… NGALIHO DHIN !!!
OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OKSIGENKU !!!
KOWE MIDHAK SELANG OKSIGENKU… AKU ORA ISO AMBEGAN… GOBLOK!!!!

Komentar Pembaca (1)

  1. Raja Goda says:

    hahaha…

    mesakne kwe mati mbah mergo d idak selang oksigenmu

Beri Komentar